Geguritan St. Sri Emyani

Senajan ketiga manggang jagad rat pramudita isih ana tuk netes nyegerake jiwa ngelih ngelak nalika ngunggahi harda mecaki laku lakon kang durung pana SANG PANGRIPTA Jiwa mabur methit mubeng kurep langit prasetyaning sukma ngronce ukara tama kekidung tembang edi luhung kababar tumangkar tekan tlatah bumi cengkar Wektu ukara ngrembaka surasa lungit nggendera angkasa raya perih tatu telenging kalbu wektu jangkahing […]