Geguritan Andy Sri Wahyudi
Wayah esuk. Metu kandhang. Wayah sore. Mulih kandhang. Kuthuke loro. Cilik-cilik. Piyek-piyek swarane. Saben weruh babon ireng lan kuthuke aku mesti mesam-mesem.

Satenane ora ana carita.
Ora ana apa-apa.
Suwung blung