Tresna Ing Wanci Rahina
Tresna nora mung ana lathi
Nanging lair tumeka njero ati
Tresnaku muspra nora merga cidra
Tresnaku sirna ing wanci rahina
Tresna nora mung ana lathi
Nanging lair tumeka njero ati
Tresnaku muspra nora merga cidra
Tresnaku sirna ing wanci rahina
Karo ngemplok sega aku duwe panemu arep metu bae golek hawa njaba. Aku kelingan panggonan ngopi jaman dhisik sadurunge rabi. Biasane aku nyepi neng angkringan sapinggire alas arah lereng gunung Wilis. Ing kono akeh angkringan kari milih menune. Sapa maneh sing arep ngrabuk kabagyan yen dudu awake dhewe. Arep takrabuk nyawaku kanthi caraku dhewe.
Slilit. Barang sauprit sing senengane nylempit. Manggon ing sel-selane untu. Angger manjing ing untu mburi lan nancep gusi asring mbilaheni. Gusi abuh kena infeksi. Rasane clekat-clekit. Mahanani lara untu, banjur krasa cekot cekot. Slilit pancel nganyelake. Didudut angel. Dilalekna gawe perkara sing rumit. Mula slilit kudu dibuwang. Ing warung sate mesthi ana sogok untu. Wujude memper biting. Pucuke digawe lancip. Bubar mangan terus nyogroki slilit nganti tuntas ilang. Slilit ilang rasane plong, kaya lunas utange.
Karti ora suwala yen awake amung wong bodho. Ora sekolah dhuwur kaya Imron bojone sing lulusan sarjana. Senajan kaya mengkono, babagan endi halal endi haram, wawasane Karti ora kena disepelekake. Elek-elek dheweke wis tau mondhok telung taunan ning pesantren daerah Jawa Timur. Nalika Imron rasan-rasan kepengin nyalon kaur kesra, Karti krasa kurang sreg. Amarga jaman saiki adate jabatan kudu tuku. […]
“Tun. Coba sawangen kae! Kaya adate. Thukule kembang kanthil pedhanyangan kae nyasmitakake bakal ana unthul anyaran sing bakal nerusake.”
Ki Wasis Carita kaget nalika dumadakan krungu ana wong nothok lawang ngarep. Komputer sing kawit mau dijingglengi kepeksa ditinggal lan banjur jumangkah alon nyedhaki prenahe lawang ngarep. Kepengin ngerti sapa tengah wengi ngene mertamu ing omahe.
Hawane sumuk banget dina iki. Takdeleng jam sing cumanthel ing tembok wis nuduhake angka sewelas luwih, tibake wis manjing Luhur. Upama ibu ora nimbali paling aku isih nglamun ing kene karo drodosan luh ngrasakne larane awakku sing wis ora karuwan iki, mati ra mati urip ora urip. Taklakokne alon-alon kursi rodha sing tansah setya ngancani dina-dinaku kang mrihatinake. Aku metu marani ibu sing sajak gayeng ngendikan neng latar, mbuh karo sapa.
Ésuk mruput sakdurungé subuh, Sindu kêpêksa tangi sakwusé ngimpèkné Bêno, bapaké. Wêktu iku kahanan ijih sepi, mung kêprungu lamat-lamat swara ura-ura saka kadohan, nangèkné wong-wong supaya dha nindakné tahajud. Antarané sadhar karo ora, bocah umur sangang taun kuwi ngrasakke hawa adhêm bangêt, rasané njêkut ngasi kaya têkan balung. Kamangka anggoné mapan turu wus nganggo jakèt tur ngruntêl slimutan sarung dhobêl, nanging isih krasa adhêm.
Dina Riyaya taun iki, aku kepeksa mulih dhewe sanajan dhuwit lan kabutuhan liyane wis dakcepakake wingi-wingi. Dakrewangi nabung wiwit setaun kapungkur, kanggo jaga-jaga mulih kampung bareng Lastri, bojoku. Nanging, kekarepan ora mesthi jumbuh karo kahanan. Kabeh gara-gara Lastri njaluk pisahan.
Palakramane wong tuwaku, sang Dalu lan Yadu wis dadi karsane Gusti kang Maha Agung. Palakrama kasebut katujokake kanggo ngasilake tedhak turun sing bakal aweh pangimbang marang traju katentremaning jagad. Kita, tedhak turune sang Dalu lan Yadu cinipta kanggo nyampurnakake jagad. Ing ngarcapada kana, sang Bagya Kemayangan wis kesuwen ngubengi donya lan agawe lena para pendhudhuke.