Cerkak
Buta Cakil

Buta Cakil

BARDAN arep duwe gawe. Ngrabekake anake wadon mbarep. Murih katon regeng, dheweke arep nanggap wayang kulit sawengi natas lan kudu ana perange buta cakil. Pepenginane sing kaya ngono kuwi mesthi wae ana alesane. Ora mung waton bisa nanggap lan mbayar, nanging kegawa rasa seje sing tansah silih-ungkih njejaki dhadhane lan ora bisa diendhani. Kudu dituruti.

Pepenginane sing arep nanggap wayang kulit lan kudu ana perange buta cakil manut anggepane Bardan mujudake pepenginan sing lumrah. Ora nganeh-anehi, ora neka-neka. Awit manut pangrasane, jagading pakeliran saiki wis ngalami owah-owahan. Ing sadhengah papan, nalika ana pagelaran wayang kulit, sing jenenge buta cakil wis arang kocap. Embuh apa alesane para dhalang arang ngepyakake buta cakil ing pakelirane angel dingerteni. Tundhone buta cakil dadi kesilep, ora ditepungi wong akeh.

Kanyatan kaya ngono cetha adoh sungsate karo puluhan taun kepungkur. Ora mung wong tuwa, bocah-bocah jaman biyen racake luwih ngerti buta cakil katimbang paraga wayang liyane; kayata para dewa, raja, begawan utawa satriya. Geneya bisa kaya ngono, mbokmenawa wae krana kerepe buta cakil dikepyakake. Prasasat ing saben-saben pakeliran kanthi lakon apa wae kiprahe buta cakil mesthi anane.
Kiprahe buta cakil sing banjur perang tandhing mungsuh satriya lelana lan wekasane mati, ing jaman biyen nyatane uga tansah diarep-arep dening para penonton. Jengklekane buta cakil ing pakeliran kaya-kaya duwe daya tarik mirunggan. Ora komplit rasane nonton wayang kulit yen tanpa perang kembang, perange buta cakil mungsuh satriya lelana. Kepara malah perang kembang mau sejatine uga bisa kanggo ngukur kaprigelane para dhalang anggone olah sabet wayang.

“Mas, apa rabine gendhuk mengko sida arep nanggap wayang kulit?” tembunge Ratri sawise nyeleh kopi panas sagelas ing meja lan saiki lungguh ing sandhinge Bardan, bojone.

“Ya genah sida. Kudu. Apa kowe lali, sawise awake dhewe rabi biyen aku rak duwe uni, mbesuk yen ngrabekake anak mbarep arep daktanggapake wayang kulit sawengi natas,” wangsulane Bardan keprungu entheng.

“Iya, aku isih kelingan bab kuwi. Nanging apa malah ora gawe ribete awake dhewe yen kudu nanggap wayang kulit?”
“Karepmu?”

“Yen nanggap wayang kulit panggunge kudu amba lan ngentekake panggonan.”

Bardan mesem, ora wangsulan. Sing wadon disawang satleraman, tangane banjur ngranggeh kopi sing ana ngarepe. Disruput sithik lan sisane diseleh maneh ing papane sekawit.

“Padha-padha aweh hiburan marang tamu, apa ora luwih becik nanggap campursari wae. Kajaba regane luwih miring, ora ngentekake panggonan.”

Bardan bali mesem. Sing wadon disawang maneh, banjur kandhane, “Pancen bener tembungmu kuwi. Senajan aku ora mbedak-bedakake jinise hiburan, nanging neting atiku tetep bakal nanggap wayang kulit.”
Ratri meneng, ora age-age nyambungi.

“Anggonku arep nanggap wayang kulit kuwi wae kudu jumbuh karo kekarepanku. Kajaba milih lakon mligi, ing pakeliran mengko buta cakil kudu metu. Yen buta cangkil ora metu trima ora sida nanggap wayang kulit.”

“Sampeyan kuwi ana-ana wae. Wong mung buta cakil wae geneya ndadak kudu metu.”
“Yen dakjlentrehake dawa, ora ana enteke. Cethane, uwal saka apa lan sapa buta cakil, aku kepengin banget nonton kiprahe. Kaya wektu-wektu kepungkur, luwih-luwih nalika jaman cilikanku biyen, metune buta cakil tansah diarep-arep dening para penonton. Perange buta cakil mungsuh satriya uga njalari mripate penonton dadi melek amba.”

Ratri manthuk-manthuk, banjur keprungu tembunge, “Aku mung manut karep Sampeyan. Nanging apa Sampeyan ora nglengganani yen pagelaran wayang kulit saiki wis adoh sungsate karo biyen?”

“Adoh sungsate piye?”

“Pagelaran wayang kulit biyen critane turut lan runtut. Yen ana glenyengan utawa lelucon mung saderma kanggo kembange crita wae. Bareng saiki, adoh banget sungsate, glenyengane nggedabyah njuwarehi. Sampeyan mesthine ngerti, wayahe limbukan utawa gara-gara ing pakeliran saiki bisa dipesthekake bakal nguras wektu kanggo glenyengan. Yen wis ngono critane banjur dipronggol-pronggol sakepenake dhewe. Mbokmenawa wae kuwi sing njalari buta cakil ora metu, ora dikepyakake.”

Bardan ora kumecap bareng krungu tembung sing kaya ngono. Ora nyana ora ngira babar pisan yen Ratri bisa crita akeh ngenani kahanane pakeliran saiki.

“Kuwi kanyatan sing ana, Mas,” karo omong kaya ngono Ratri banjur menyat saka kursi lan jumangkah mlebu kamare. Mapan turu, awit sesuk esuk kudu mangkat mulang.

Bardan sing saiki lungguh ijen ing ruang tamu, pikirane isih kegubet karo tembung sing mentas diucapake Ratri. Bardan ngakoni, pancen bener yen jagading pakeliran saiki wis ngalami owah-owahan sing bisa diunekake kebablasen. Jagading pakeliran saiki kaya-kaya mung nengenake hiburan wae sing bisa dideleng ing wayah limbukan utawa gara-gara lan racake nganti nguras wektu. Sedheng lajer lan lak-luking crita mung digarap srampangan utawa dipronggol-pronggol waton intine lakon kecekel.
***

Bardan bola-bali mesem. Atine seneng banget. Anggone duwe gawe ngrabekake anake wadon lumaku rancag lan lancar. Kajaba tamu undhangane mblabar sepirang-pirang, bengi kuwi penonton ing njaban pager katon jejel-riyel saperlu nonton wayang kulit kanthi dhalang kondhang saka Solo.

Mula rampung nyalami lan nguntabake mulihe para tamu sawise asung jurung pamuji marang temanten sarimbit, Bardan age-age mlebu menyang kamare. Sat-set nyopot beskap lan banjur salin klambi bathik. Ora gantalan wektu banjur bali metu maneh lan lungguh ing kursi cedhak panggung wayang kulit. Amor karo sawetara tamu sing isih kepengin nutugake nonton pagelaran wayang kulit.

Karo ngematake lakune pakeliran lan kadhangkala diselani glenikan karo tamu sing lungguh ana cedhake, ana satumpuk rasa ayem sing ngrenggani dhadhane Bardan. Pepenginane nanggap wayang kulit lan kudu ana perange buta cakil bakal kasembadan. Awit Ki Wasis Carita, kanca kuliah lan dhalang sing bengi iki kejibah ngepyakake pakeliran sewengi natas wis nelakake kesaguhane bakal nuruti penjaluke sing kepengin nyawang perange buta cakil.

Bardan percaya, senajan Ki Wasis Carita kawit jaman kuliah nganti saiki senengane glenyengan ing babagan apa wae, nanging yen urusan pentas utawa tanggapan wayang kulit ora nate nyulayani. Minangka seniman profesional, Ki Wasis Carita bisa dicekel gunem lan janjine. Ora nate gawe kuciwane sing nanggap.

“Ngapa ndadak nganggo perang buta cakil barang. Wong mung perange buta cakil, metu sepisan banjur mati,” tembunge Ki Wasis Carita nalika Bardan teka ing omahe lan nelakake pepenginane.

“Kowe kuwi dadi dhalang ya wis suwe. Barakanmu wis akeh sing dikijing, mesthine ngerti owah-owahane jagading pakeliran saiki. Ing antarane sing katon nyolok mata ya kiprahe buta cakil sing wis arang ditemoni kuwi. Dhalang ngendi wae akeh sing ngono, nyengker buta cakil,” wangsulane Bardan ora gelem kalah.

“Yen babagan kuwi, panemumu ana benere. Saiki akeh dhalang sing arang ngepyakake perang kembang antarane buta cakil mungsuh satriya. Alesane maneka warna, embuh kuwi sing kentekan wektu merga ketungkul limbukan, gara-gara utawa liyane.”

“Geneya ya ngerti.”

“Nanging aku kok sujana karo pepenginanmu kuwi. Aja-aja anggonmu kepengin perange buta cakil mengku karep liya.”

“Aja golek perkara. Aku mung kepengin nyawang perange buta cakil.”

Ki Wasis Carita ngguyu lakak-lakak. “Aku apal karo watak wantunmu, Dan. Kowe kuwi sastrawan ya seniman lan kawit biyen senenge ngantem kana-kene yen nyawang samubarang sing mbokrasa ora mungguh utawa kober ngosikake atimu. Upamane wae ing jaman saiki akeh buta cakil sing kepengin kiprah saperlu golek mukti utawa butuh urip.”

Pengangene Bardan ambyar nalika Pak Lurah ngerti-ngerti njawil pundhake lan banjur pamitan awit gara-gara panakawan wis rampung. Sawise nyalami lan ngaturake panuwun, panyawange Bardan bali tumancep menyang prenahe kelir. Kaya ngapa senenge atine nalika ing kelir banjur jumedhul buta cakil. Jejogedan jingkrak-jingkrak ngadhang lakune sang satriya. Atine Bardan sansaya bungah nalika nyipati perange buta cakil nganti sawetara suwene.

Nanging Bardan dadi njomblak nalika nyipati sing dumadi ing pakeliran. Nalika buta cakil siji metu lan mati dening satriya banjur disusul metune buta cakil liyane nganti limang rambahan. Ora kaya sing ana ing angen-angene, sawise buta cakil metu lan mati mesthine banjur disusul buta jinis liyane. Ora terus-terusan buta cakil kaya sing disipati bengi iki.

“Wasis pancene kurang ajar!” Bardan nggedumel dhewe senajan panyawange isih terus tumancep menyang prenahe kelir.

Nanging ora ngono mungguhe wong-wong sing lagi padha nonton. Nyipati metune buta cakil sing ora mung sepisan kuwi njalari padha kresah-kresuh lan malah ana sing wani alok banter.

“Lagi sepisan iki nonton wayang kulit buta cakile sepirang-pirang.”

“Bengi iki lakone pancen buta cakil!”

“Buta cakile elok tenan!”
Bardan sing krungu kresah-kresuh lan aloke penonton kaya ngono bisane mung meneng. Ora nggagas banget-banget. Jenenge wae wong ndelok ana kalamangsane kendel alok.

Wektune mrambat alon, nanging ajeg. Ora krasa lakon utawa critane pakeliran wis ndungkap rampung. Bardan bali njomblak lan ngungun kepati bareng ngerteni pakeliran dipungkasi kanthi tayungane buta cakil sinartan tembung pungkasane dhalang sing sajak nggregetake.

“Katon utawa ora katon, sejatine buta cakil tetep ana. Selawase buta cakil ora bakal ilang ing satengahe panguripan. Buta cakil bakal terus jejogedan, kapan lan ing endi wae. Ing kene mung kari milih, pilih dadi satriya utawa buta cakil.”


Penulis:

Irul S. Budianto, lahir dan tinggal di Boyolali, Jawa Tengah. Selain cerkak, juga menulis cerpen, geguritan, puisi, esai dan lainnya. Buku yang telah diterbitkan: Sing Jujur Mesthi Mujur (Kumpulan Crita Anak), Cathetan Kanggo Lintang (Kumpulan Geguritan), Rembulan Sacuwil (Kumpulan Crita Cekak), Kalung (Kumpulan Crita Cekak) dan Aubade saka Boyolali (Kumpulan Geguritan)

1 thought on “Buta Cakil

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *